Filosofi Lan Watak Tembang Macapat

20 November 2017 15:52:50 WIB

Tembang macapat saget pun wastani salah satunggiling tembang utawi lagu daerah ingkkang kawentar ing tanah Jawi. Dumugi samenika taksih dipun sinau saha dipun ngrembakakaken dening masyarakat Jawi. Tembang macapat pancen ngremenaken dipun sinau. Wonten  11  tembang macapat ingkang dipun kawruhi dening masyarakat suku Jawi. Ingkang saben tembang macapat nggadhahi watak , filosofi saha paugeran piyambak-piyambak. 

FILOSOFI TEMBANG MACAPAT
Saking cacah 11 tembang macapat menika estunipun mujudaken carios lampahing gesang manungsa wiwit saking guwa garba, alam donya ngantos dumugi ing alam kubur.

WATAK TEMBANG MACAPAT
Kajawi menika  tembang macapat ugi kagungan watak piyambak-piyambak, saking watak  sedhih, sengsem, pitutur, sereng, tresna lan ugi kabagyan

  1. MASKUMAMBANG
    1. Filosofi tembang Maskumambang menika nyariosaken rikala manungsa cinipta dening Kang  Murbeng gesang rikala mapan ing guwa garba saderengipun kaparingan ruh, dereng saget pun mangertosi jalu  menapa pawestri.
    2. Maskumambang saking tembung “mas” ingkang saget mangertosi jati dhirinipun, saha “kumambang” utawi kemampul , ateges gesangipun taksih ngambang gumantung dhatheng  ibunipun rikala wonten kandhutan
    3. Watak : Menggah watakipun tembang maskumambang menika nggambaraken swasana sedhih, susah utawi nalangsa.
    4. Thulada :
      1. Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
      2. Hanemu duraka
      3. Ing donya tumekeng akhir
      4. Tan wurung kasurang-surang
  2. MIJIL
    1. Filosofi : Tembang Mijil mratelakaken bilih satunggaling wiji utawi winih sampun lahir ing ngalam donya. Mijil pinangka pralambang wiwitaning manungsa ngambah ing alam  donya ingkang taksih suci, taksih ringkih  pramila taksih mbetahaken pangrengkuh lan kedah dipun jagi.
    2. Watakipun tembang mijil  nggambaraken swasana ingkang tinarbuka, kebak ing pitutur saha katresnan
  3. KINANTHI
    1. Filosofi : Kinanthi saking tembung kanthi tegesipun dipun gandheng utawi dipun tuntun
    2. Filosofi tembang Kinanthi menika nggambaraken lampahing gesang tumrap lare ingkang nembe mbetahaken panggandheng lan panuntun supados saget jumangkah, tumindak supados ing tembenipun mboten nalisir.
    3. Watak : watak tembang kinanthi, kebak ing pitutur, patuladhan ingkang sae. Tembang kinanthi cocok sanget kangge medharaken  nasihat utawi pitutur luhur .
  4. SINOM
    1. Filosofi : Tembung sinom tegesipun pucuking gegodhongan ingkang nembe semi lan mekar. Tembang Sinom menika nggambaraken lampahing gesang manungsa ingkang nembe ngancik diwasa. Minangka jejering wiranem ingkang nembe mekar saget pun wastani remaja. Nalika nglampahi jejering wiranem nggadhahi tanggel jawab  ngudi ngelmu ingkang sa inggilipun supados kagem sangu gesang ing madyaning bebrayan.
    2. Watak : Tembang Sinom menika watakipun supados saget mangreh ing kasabaran, ramah dhumateng sok sintena kemawon lan nengenaken dhateng laku sumadulur
  5. ASMARANDANA
    1. Filosofi : Tembung Asmarandana menika kapendhet saking tembung” asmara “ ateges katresnan. Filosofi tembang Asmarandana menika pinangka pralambang lampahing gesang manungsa ngancik ing alam katresnan antawisipun jalu kaliyan pawestri. Kangge nemtokaken pasanganing gesang ing alam donya.
    2. Watak : Watak tembang Asmarandana menika nggambaraken rasa asih tinresnanan, lan ugi nggadhahi watak sedhih lan nalangsa.
  6. GAMBUH
    1. Filosofi : Tembung gambuh menika tegesipun: gathuk, nyambung utawi cocog.Tembang Gambuh menika nggambaraken lumampahing gesang manungsa ingkang sampun pinanggih kaliyan jodhonipun ingkang sampun cocog ing manah.
    2. Watak : Watak tembang Gambuh menika sumadulur, kebak ing raos pasedherekan
  7. DHANDHANGGULA
    1. Filosofi : Tembung Dhandhanggula saking tembung dhandhang lan gula. Dhandhang menika teges pangajab, dene gula menika manis.Filosofi tembang Dhandhanggula menika mawa teges gesanging manungsa kagungan pangajab manggiha gesang ingkang mulya kebak ing kabagyan.
    2. Watak : Wondene tembang dhandhanggula menika sifatipun umum (universal), luwes saget konjem ing manah
  8. DURMA
    1. Filosofi : Tembung Durma menika ateges weweh, peparing. Filosofi tembang Durma menika  bilih wonten ing panggesangan kita tansah nengenaken weweh utawi darma dhateng tiyang sanes.Bantu binantu kanthi ikhlas, sebab ngengeti gesang menika mboten ajeg, kala mangsane kita taksih mbetahaken pitulungan tiyang sanes
    2. Watak : Watakipun tembang Durma menika tegas, semangat ingkang makantar-kantar, kebak ing nafsu amarah
  9. PANGKUR
    1. Filosofi : Tembung pangkur menika saking tembung mungkur ingkang ateges nilaraken.Filosofi tembang Pangkur menika nggambaraken tiyang gesang ingkang sampun mengkeraken kadonyan (duniawi), nilaraken nafsu angkara murka, nyimpangi saking tumindak awon.Sampun nyelak dhateng Pangeran.
    2. Watak : Watakipun tembang Pangkur gagah, sentosa, prakosa lan agenging manah. Tembang Pangkur menika cocog menawi kagem mratelakaken semangat pahlawan lan cariyos perjuangan
  10. MEGATRUH
    1. Filosofi : Tembung megatruh saking “megat” lan “roh”, ingkang tegesipun pegat kaliyan rohipun . Filosofi tembang megtruh menika nggmbaraken bilih sejarah gesangipun ing alam donya sampun rampung. Roh ipun sampun pegat kaliyan  badan wadhag (jasmani) lan roh badhe wangsul ing ngayunan Gusti.
    2. Watak : Watakipun tembang Megatruh menika: sedhih, nalangsa.
  11. POCUNG
    1. Filosofi : Pocung kapendhet saking tembung pocong. Nggambaraken pungkasing lampahan gesang  kita utawi seda sasampunipun dipun suceni lajeng kabungkus mori pethak utawi dipun pocong saderengipun kapetak ing sasana laya
    2. Watak : Watakipun tembang Pocung menika mardika utawi bebas.Ugi dipun wastani sakkarsanipun pribadi. Biasanipun tembang Pocung menika kagem nyariosaken bab ingkang lucu (humor) lan ugi kagem paring pitutur

 

MATURNUWUN DHUMATENG PANJENENGANIPUN BOPO PUJI WALUYO (JERUKSARI, WONOSARI) - DOKUMEN PDF TERLAMPIR

Sumber gambar : https://goblokku.wordpress.com/2011/09/19/sekilas-macapat/

Dokumen Lampiran : Filosofi Lan Watak Tembang Macapat


Komentar atas Filosofi Lan Watak Tembang Macapat

Koko 15 September 2021 14:50:44 WIB
Nyuwun link ipun kersane saget bahasa kromo alus utawi kromo inggil ingkang sae, supados saget kalestarikake bahasa jawi
yosef 05 Agustus 2021 20:47:36 WIB
Terimakaksih sudah banyak berbagi informasi. Jadi semakin mengetahui tentang tembang macapat

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Facebook Grup

Facebook Fanspage